Oleh: Nur Rakhmat, S.Pd

Tampilkan postingan dengan label Geguritan. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Geguritan. Tampilkan semua postingan

Kamis, 11 Februari 2021

On 18.13 by Nur Rakhmat in    2 comments

 Sebuah Persembahan ...

Udan Isuk Iki

kang.rakhmat

Deres teles kebes awak dadi nggreges

Nggreges ndadekke atiku tambah teles

Lemah ireng nangis nganti peteng

Lemah abang saya mbranang kaya bata dibakar merang

Kabeh padha kelangan

Kelangan kahanan kelangan rasa kelangan kanca kang ngajak pepadhang

Udan nderes teles kebes isuk iki

Ndadekke ati krasa kaya ditunyuk eri

Udan isuk iki

Ndadekke awak kaya keli ning kali

Udan isuk iki

Ndadekke mripat tansah mbrebes mili

Nanging aja padha lali

Kandhane Pak Dhe Pri … urip kudu digebuk

Kandhane Pak Dhe Pri … urip dudu gawean weteng thok

Bener tur pener

Awake dhewe uga kudu nduweni PIL kecerdasan dosis tinggi

Iku uga kandhane Pak Dhe Pri

Duh Gusti

Kepiye carane awak iki urip lurus bener pinter ora keblinger?

Kepiye carane awak iki isa dadi pepadhang apik liyan?

Kepiye carane awak iki isa tumandang gawe keapikan?

Aja sumelang lan nduweha wani ing dada supaya menang

Mabura kaya peksi ing gegana

Dadiya pepadhang kaya bagaskara bening ing netra

Nanging tetepa syukur nyang kuasa

Lan aja lali kandhane Sang Penggoda Indonesia

Menawa awake kepingin karep kasil apik kahanan apa wae

Aja wedi ngguyu awake dhewe kaya kandhane Pak Dhe Pri

Udan isuk iki

Pancen ndadeake awakku mbrebes mili

 

                                                                                    IsukIkiIngPasadena

                                                                                    Jumuah,12022021

                                                                                    Tanggane lan muride Pak Dhe Prie

 

 

Sugeng tindak Pakdhe Prie ….

Mugi husnul khotimah

Lan Gusti Alllah tansah paring kesaenan ... 

Lahul fatihah ... 

aamiin

Sabtu, 06 Februari 2021

On 23.37 by Nur Rakhmat in    No comments

Tulisan ini sudah pernah dimuat di Kompasiana.com ... 

https://www.kompasiana.com/mas91295/5f45276cd541df3037780053/tilik-sekolah 

Selamat membaca dan salam literasi

Tilik Sekolah

Kaanggit dening Kang Rakhmat

Wes suwe rasane kahanan kaya ngene

Wes suwe rasane ati iki nyimpen kangen tandang gawe

Wes suwe jamane krasa owah amarga wabah nyang kene

Wes suwe ati iki lungkrah kangen sekolah apa maneh bocah

Sedulur …

Iku kabeh rasa kang tumanja ana dhadha

Iku kabeh rasa yen dirasa tambah krasa lara

Iku kabeh rasa yen dipeksa isa ambyar nerak sengkala

Iku kabeh rasa yen ditata mesti ora marakke kuciwa

Sedulur …

Tilik sekolah …

Apa isa marakke bubrah?

Tilik sekolah …

Apa isa marakke sapa wae kena wabah?

Tilik sekolah …

Sing pesthi pancen dadi ancase manah nggladhi bocah

Tilik sekolah …

Kabeh mau kanggo kaya tandha isa padha uga isa beda

Tandha yen disengaja marakke lara nanging ora gawe kuciwa

Nanging sedulur …

Tilik sekolah …

Aja nganti padha nggladrah

Nanging kabeh mau kudu manut pamarintah

Supados wabah ndang pindah

Saha kareben ati isa bungah amarga ketemu bocah

Tilik sekolah …

Pancen endah wondene ana wabah

 

Pasadena, 25/8/20.0901